Adhedhasar
konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka,
crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan
perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing
kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada
mati sampyuh ngeres-eresi.
Nalika
arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora,
Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge
nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada
kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong
saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji
Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada
tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka.
Sawise
sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu
ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka
marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji
Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa
keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna.
Dora
kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak
menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran
panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak
jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi
janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener,
banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha
mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.
Sawise
sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji
Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan
pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati
ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora
lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu
gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.
Midhanget
ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi
janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka
pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh
wiwit saka HA nganti NGA.
HA NA
CA RA KA
Ana
caraka (utusan)
DA TA
SA WA LA
Padha
suwala (padudon, pancakara)
PA DHA
JA YA NYA
Padha
dene digdayane
MA GA
BA THA NGA
Wasana
padha dadi bathang
Iku
mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar.
Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku,
mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine
tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya
guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng
dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.
Miturut
Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong India angejawa, wong Jawa durung
duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake basa lesan. Kanthi anane aksara
kang digawa saka India kasebut saka sethithik basa tinulis wiwit digunakake.
Pancen aksara ora mung dadi piranti komunikasi sarana tulisan, nanging luwih
saka iku aksara uga dadi ukuran kemajuane budaya sing ndarbeni aksara kasebut.
Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis kanyatan luwih maju tinimbang sing
ora/durung duwe aksara.
Miturut
Casparis, sajroning sejarah peradaban etnik Jawa, tulisan sing paling tuwa
ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksara Pallawa, nuduhake tandha
wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku etnis Jawa mung nggunakake basa
lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane, baka sethithik ditindakake
studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna).
Miturut
studi paleografi sing ditindakake Casparis, ana limang periode aksara Jawa.
Periode kapisan (aksara Pallawa) dening Bp. Atmodjo diperang maneh dadi loro.
Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:
1.
Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 M. Contone tinemu
ing prasasti Tugu ing Bogor.
2.
Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake ing abad VII lan tengahan abad
VIII. Tinemu ing prasasti Canggal ing Kedu, Magelang.
3.
Aksara Jawa kuna kawitan, digunakake taun 750-925 M, contone tinemu ing
prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.
4.
Aksara Jawa kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925-1250 M, tinemu ing
prasasti Airlangga.
5.
Aksara Majapait, digunakake ing taun 1250-1450 M. tinemu ing prasasti Singosari
lan Malang, sarta ing lontar (ron tal) Kunjarakarna.
6.
Aksara Jawa anyar, digunakake taun 1500 M nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang
lan buku-buku sabubare iku.
Lair
lan ngrembakane aksara Jawa raket sesambungane karo lair lan ngrembakane basa
Jawa. Aksara Jawa anyar lair sawise basa Jawa anyar digunakake kanthi resmi ing
sajroning pamarentahan, saora-orane wiwit taun 1500 M. Wektu kasebut punjere
pamarentahan ing Jawa ana ing Demak. Mula ana sing duwe panemu manawa aksara
Jawa anyar wiwit digunakake kanthi resmi nalika jaman Demak. Panemu iki
disengkuyung antara liya karo bukti awujud naskah kanthi tulisan aksara Jawa
anyar yaiku Kitab Bonang